Saturday, August 29, 2020

TIDAK USAH BINGUNG MAU JADI APA

"Ora kabeh santri kudu dadi kiai, dadio khoirunnas, anfa' linnas." . "Kudu dijogo Alqur'an  e, diwoco!, rumahmu kudu adem Sebab Alqur'an , ojo sampek mulang alqur'an rono rono, tapi rumahe dewe suwung soko Alqur'an." . "Mulang o sing ora jaluk bayaran, ora ngarepne bayaran", Nasrul-ilmi. "

. "Aku gak pinter, tapi semangat ku ilmu, hobiku ilmu, refreshing ku ilmu, nek duwe ilmu, gak usah bingung dadi opo, dadi opo, di openi ilmune - diragati ilmune , Bismilah, insyaallah gusti Alloh dewe sing ngangkat derajate"

. "Neng endi ae kudu dijogo ke-santriane. Buah dari ilmu adalah Akhlaqul karimah, Aku yakin sampeaan kabeh wong apik, artine wong sing mesti ibadah,  sak repot repot e sampean. Mesti jek solat mesti jek atsar ibadah, "

. "Zamane wes koyok ngene, pesenku nek nduwe anak, pondokno, golek pondok sing Ahlussunnah Waljamaah,"

. "Nek duwe murid, di ulang sing tenanan, ojo Ridho nek muridmu bodho, ojo Ridho nek muridmu seneng dunyo "

. "Golek o barokah e guru, sing sambung karo guru, didungakne, Aku tiap tahun mesti kabeh guruku tak sowani, sing wis kapundut tak ziarahi, ngalap barokahe guru, iso ku ngene iki sebab guruku," . "Watsani - aula,  generasi kedua kudu lebih baik, saiki sampean apik, ojo bangga, kudu mikir generasi mu, kudu mikir anak-anakmu"

KH. Anwar Mansyur

Lirboyo- Kediri

Ditulis ulang sebagai pengingat.

Pengarep ngarep barokah.

0 comments :

Post a Comment