Monday, December 10, 2018

Pesenipun Simbah

sak bejo bejane wong kang lali,
iseh bejo wong kang eling lan waspada,
gemi ngati ati nastiti
tansah dipersudi,

Amrih ayem tentrem soho bingah,.
Lan saged 'istiqomah'
anggenipun ngibadah
ugi ngaji Quran Sunah,
mugi-mugi angsal ridhone Gusti Allah

bagyo mulyo urip ing dunyo,
lamun di tuntun agomo,
nadyan cupet babagan bondo,
ing tembe bakal nemu surgo

Pramilo,..
Monggo sami ngibadah
njalanaken printahe Gusti Allah
urip nten donyo namung sepindah
ojo digawe gebyah uyah
dimen urip tentrem soho bingah
dipun tuntun Quran Sunah
sanajan dipun westani tiyang mboten lumrah

sampun sak mestinipun,
mnawi winastan mboten limrah,
katah katahing priyayi namung ngleluri tilarane simbah

Mboten menopo dipun westani mboten limrah
kanjeng nabi sampun paring pitedah
seneng utawi bungah
tiyang ingkang mboten dipun westani mboten lumrah
tentunipun ingkang dipun tuntun Quran sunah

qur'an sunnah menawi dikaji,
ngibadah skeco kanti patokan dasar kang nyoto,
sanes pepatokan dasr kiro" lan angen-angen kewolo

menawi ngibadah namung dasare angen-angen lan kiro-kiro
nambahi utawi ngurangi babagan agomo
kanthi alasan nguri uri tilarane wong tuo
niku , ancamanipun narako

lamun ngibadh namung anut grubyuk,
kang di dasari kandane mbah kyai kan tanpo dasr qur'an sunnah,
kang kinaran taqlit,

Sakmeniko katah tiyang taklit kaleh kyaine
nopo ke mawon ingkang dipun sanjang nurut sanajan mboten onten dasare
sanajan dipun ajak nten 'lubang biawak' sakmangke

0 comments :

Post a Comment