Tuesday, November 20, 2018

Urip gawe Simpel wae

Siji ... rasah mumet nyawang uripe wong liyo ... jarke wae ... arepo wong liyo  komen iki iku, fitnah kono kene, ngelek-elek rono rene, mangan konco, nelikung bolo, ndilat idune dewe, sibuk golek rai ... ben sak karepe ...

Kepindo... gayamu cocokno karo kemampuanmu,
Lek raono yo wis ojo dipekso, ojo nyikso awak ... nek gur pingin di delok 'wah' ro uwong.

Telu... nikmati uripmu lan dadio sing
mbuk karepne, disyukuri opo sing diduweni ... semangat nyambut gawe, dilakoni opo sing apik, sing dadi tujuan, cita-cita lan kekarepanmu

Papat... ojo dirungoke omongane wong liyo, ... eling, sampean ora njaluk madhang ro wong liyo.

Limo ... sirahmu isi hal-hal sing positip ... yen kowe nglakoni kabecikan marang liyan ... kuwi bakal mbalik kabecikan marang awakmu dewe lan keluargamu ... semono ugo ... yen kowe nglakoni jahat olo cidrone liyan ... yo bakal mbalik marang awakmu dewe lan keluargamu ... (Qur'an Surat : al-Isra’: 7)

- Introspeksi Akhir Tahun, Al Faqiir Ilaa Rabbih -

0 comments :

Post a Comment