Thursday, July 30, 2015

"WEJANGAN PINI SEPUH" Falsafah Jawa

Rejeki iku ora iså ditiru...., Senajan pådå lakune, Senajan pådå dodolanne, Senajan pådå kerjåne, Hasil sing ditåmpå bakal bedå2....,
Iså bedå nèng akèhé båndhå, Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati,
Yåaa iku sing jenengé "Bahagia...."

Kabèh iku såkå tresnané  Gusti kang måhå kuwåså.....,
Såpå temen bakal tinemu,
Såpå wani rekåså bakal gayuh mulyå.
Dudu akèhé, nanging "Berkahé" kang dadèkaké cukup lan nyukupi.....

Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing Kuwåså,  Dalan urip lan Pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané....,

Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé,

Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå.

Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati....,

Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.

Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké atine, yèn wis dadi duwèkķe bakal tinemu, yèn ora jatahe, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå dientèni waé, iku bakal gawé uripe lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné.

Yen umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé.
Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem Ngleremké atiné ing bab Kadonyan, Seneng Tetulung marang liyan, lan Pasrahké uripé marang "GUSTI ALLAH SWT"

0 comments :

Post a Comment